teks pranatacara ing lelayu / kesripahan

Kamis, 11 Desember 2014


PRANATA CARA ING LELAYU / KESRIPAHAN

Bismillahirrohmanirrohim.
Asslamamu’alaikum Wr.Wb
Para pepundhen, para sepuh, para pini sepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating nagari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang pantes kinurmatan, para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes sinudarsana.
Madyaning panandhang ing ri kalenggahan punika kula piniji dening para kulawarga panandhang inggih penjenenganipun Bp/Ibu...................................kinen njejeri minangka pambiwara, ingkang tartamtu kaeneraken wontenipun tata upacara badhe bidhaling layon.
INNALILLAHI WAINNA ILLAIHI ROJI’UN
Sampun murut dhumateng kasedan jati suwargi Bp/Ibu......................... awit saking lantaran nandhang ......................... ingkang punika saksampunipun pangruktining layon sampun paripurna, keparengipun kulawarga ingkang nandhang dhuh kita inggih panjenenganipun .................... ing hari kalenggahan punika dipun wonteni tata upacara sawetawis ingkang sampun lumampah.
Sakderengipun kula ngaturaken lekasing sedya, sumangga nun dhumateng para pambela sungkawa kakung putri tansah kula dherekaken hangluhuraken asmaning Gusti ingkang maha kawasa. Karana rohmat saha sih wilasanipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, saengga maksih saget ndherek bela sungkawakanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes sinudarsana/sinubeng pakurmatan, wahyaning mangsa kala upacara hangkating layon kaleksanakaken, wondene reroncening adicara kados sampun karakit dening para kulawarga, ingkang punika panata cara ngaturaken reroncening adicara :
1.      Sepindah pambuka
2.      Atur pambagyaharja
3.      Atur bela sungkawa
4.      Donga dening bapak Kyai.....................
5.      Upacara Tlusupan
6.      Panutup

Para pambela sungkawa ingkang pantes kinurmatan, makaten reroncening adicara ingkang rinakit dening para kulawarga, nuwun.
Sumangga acara bidhaling layon kita buka kanthi waosan basmalah....................................

Acara ingkang kaping kalih atur pambagya harja para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan nadyan panjenenganipun Bp/ibu ................... ing wekdal punika raosing manah mboten saget ginambaraken ing mriki karana kawontenan ribet kaworan bebeg, parandene kaparengaken sedya badhe matur wonten ngarsa panjenengan, nuninggih atur pambagya harja yuwana miwah atur panuwun, karana bebeging manah mboten kuwawi matur amung kandheg wonten madyaning jangga, pramila ingkang piniji minangka sulih salira tanulyan/ mboten wonten malih panjenenganipun Bp. ................. wekdal kasumanggakaken.
Para pambela sungkawa, para ta’ziah, ta’ziin ingkang kinurmatan, kanthi terwaca cetha atur pambagya harja saking bp ........................ minangka sulih salira kulawarga panandhang. Ingkang salajengipun ngancik atur bela sungkawa dening tetuwangga ingkang sampun pana keblating panembah pana ing pamawas lebda ing pitutur, wondene ingkang nylirani nuninggih panjenenganipun ........................ wekdal kasumanggakaken. ................................... kita aturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan kulawarga panandhang dupi midhangetaken tutur bela sungkawa sawatawis dhumateng panandhang, awit bela sungkawa panjenengan mugi dadosa sarana kulawarga ingkang dhuh kita enggal pinaringan katentreman pulih kadosa wingi.
Ingkang salajengipun mugi rohipun suwargi Bp/ibu ..................... tansah pinaringan pangapunten saha tansah katampi anggenipun sowan pangayunaning Gusti ingkang maha Agung dipun wonteni donga kunjuk wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang murbeng dumadi, wondene ingkang piniji nuninggih panjenenganipun Bp............. wekdal kasumanggakaken.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes sinudarsana, angkating layon badhe kaleksanan dening para para kulawarga panandhang, ingkang punika dhumateng panjenengan ipun para kulawarga ingkang piniji hamanggul pethining layon kasuwun samekta ing gati.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang berbudhi darma, pethining layon sampun kapanggul dening para kulawarga, wonten sangajenging wisma dhuh kita, kepareng ing sedya badhe hanetepi tata cara brobosan, dhumateng para putra wayah ingkang badhe netepi tata cara brobosan mugi samekta ing gati, wondene ingkang mrati tisaken panjenenganipun Bp..... sumangga nun.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes tampi pakurmatan, makaten menggah lampahing upacara bidhaling layon, layon badhe kapetak saha kasarekaken wonten ing astana laya .......................... sru panyuwunipun para panandhang, hambok bilih para pambela sungkawa mboten wonten pambengan, kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon dumugi ing astana laya ........................... wondene wonten pakaryan ingkang wigati kulawarga panandhang hamung saget ngaturaken panuwun saha ngaturaken sugeng kondur.
Kula pribadhi minangka pranata cara mbok bilih anggen kula ngaturaken urut reroncening adicara wonten kiranging trapsila, suba sita miwah kiranging basa tuwin sastra, karana budi dayaning manungsa kirang sampurna kridhaning ati datan bisa mbedhah kuthaning pasthi, mawantu wantu nyuwun lubering pangaksama.
Ing wasana akhirul kalam billahi taufiq wal hidayah 
wasssalamu’alaikum Wr.Wb